UNGGAH UNGGUH BASA JAWA

UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA
Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra.
Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu:
1. Basane netebi pranataning subasita
2. Manut paugeran tata susila
3. Basane gawe reseping ati
Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakane nganggo wewaton ing antarane:
1. Umur
Sing enom ngurmati sing tuwa
2. Peprenahan
Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu
Anak ngurmati bapa lan biyung
3. Drajat pangkat
Murid ngurmati marang gurune.
Pegawe ngurmati marang pangarsane.
4. Drajat semat
Ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane.
5. Trah
Ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu.
6. Luhuring pribadi
Sarjana, pahlawan, ulama, lan sapanunggalane
7. Tepungan anyar/durung kulina, adakane luwih diajeni
Unggah-ungguh basa Jawa iku werna-werna. Miturut Ki Padmosoesastra, unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi enem, dene miturut Sudarto kaperang dadi loro. Perangan iku kaya ing ngisor iki.
1. Miturut Ki Padmosoesastra
a. Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi:
1) Ngoko lugu
2) Ngoko andhap:
– Antya basa
– Basa antya
b. Basa krama
Basa krama kaperang dadi:
1) Wredha krama
2) Madya krama
3) Madyantara
c. Krama desa
d. Krama inggil
e. Basa kedhaton
f. Basa kasar
2. Miturut Sudarto
a. Basa ngoko
1) Ngoko Lugu
2) Ngoko Alus
b. Basa krama
1) Krama Lugu
2) Krama Alus
Undha-usuk basa utawa unggah-ungguh basa kang dianggo ing jaman saiki migunakake peprincene (pembagian) miturut Sudarto, yaiku basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) lan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing ngisor iki andharan sawetara basa ngoko. Dene andharan basa krama kababar ana ing wektu candhake.
 BASA NGOKO
Tembung ngoko iku asale saka tembung wod (akar kata) ko kang ateges kowe, sliramu, sampeyan, panjenengan. Owah-owahane pangucapan dadi koko banjur ng-koko utawa ngoko. Basa ngoko iku kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu (ing sateruse diarani ngoko) lan ngoko alus. Ing ngisor iki wedharan bedane antarane basa ngoko lan ngoko alus kanthi prasaja (sederhana).
a. Ngoko Lugu (Ngoko)
• Wujude tembung:
1) Tetembungane ngoko kabeh
2) Ater-ater (awalan) lan panambange (akhiran) ngoko
• Gunane kanggo omong/guneman:
1) Bocah marang padha bocah
Tuladha: Sur, aku duwe pitik kate.
2) Wong tuwa marang wong enom
Tuladha: Mar, sing ngati-ati ya!
3) Bapak ibu marang anake
Tuladha: Ndhuk, sing sregep nyambut gawe!
4) Guru marang muride
Tuladha: Bocah-bocah, sing sregep anggone sinau!
5) Bendara marang abdine
Tuladha: Mbok, aku olahna gudheg ya!
6) Wong ngunandika (grenengan dhewe)
Tuladha: Umpama aku duwe dhuwit akeh, aku arep neng Suriname.
b. Ngoko Alus
• Wujude tembung:
1) Tetembungane ngoko kecampuran krama inggil tumrape wong kang dijak guneman (Orang ke-II) lan wong kang digunemake (Orang ke-III) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati.
Dene kang digawe krama, yaiku:
a. Tembung sesulih (kata ganti orang/KGO  KGO II lan KGO III)
– Kowe  panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa)
– Kowe  sliramu (tumrap wong kang luwih enom)
– Dheweke  panjenengane utawa slirane
b. Tembung kriya (kata kerja)
Tembung kriya kang digawe krama iku tembung kriya tumrape wong kang dijak guneman (Orang ke-II) lan wong kang digunemake (Orang ke-III). Dene tembung kriya tumrape wong kang guneman (Orang pertama) ora perlu digawe krama.
2) Ater-ater lan panambange ngoko
• Gunane kanggo omongan/guneman:
1) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni
Tuladha: Nak Eko, sliramu kondur saka kantor jam pira?
2) Wong enom marang wong luwih tuwa umure, amarga kudu angajeni
Tuladha: Mbakyu, matur nuwun wis maringi jambu aku.
3) Bocah padha bocah kanggo ngajeni wong sing digunem (orang ke-III)
Tuladha: Min, bu guru mau ndhawuhi nggarap tugas ing kaca pira?
Kanggo luwih mangerteni kepriye bedane antarane basa ngoko (ngoko lugu) lan ngoko alus, coba gatekna tuladha ing ngisor iki!
1. Ri, kowe duwe kamus basa jawa ora?
2. Bapak uwis kondur saka kantor.
Ukara (1) kabeh tetembungane ngoko (yaiku tembung kowe, duwe, kamus, basa, Jawa, lan ora). Mula, ukara mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko (ngoko lugu). Dene ukara (2) iku tetembungane ngoko (yaiku uwis, saka, lan kantor), nanging kecampuran krama inggil, yaiku tembung kondur. Tembung kondur iku basa ngokone bali/mulih. Tembung bali/mulih ora digunakake ing ukara iku amarga kanggo ngajeni wong sing digunemake (orang ke-III), yaiku Bapak. Yen tembung kondur kaganti nganggo tembung bali/mulih, kurang trep karo undha-usuk utawa unggah-ungguh basa.
Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!
A. Kowe mau mara ndhene dhewe utawa sakulawarga?
B. Aku diwenehi dhuwit dening Pakgedhe.
C. Dhik Joko, kowe saiki mulang ana ngendi?
Ukara A, B, lan C iku tetembungane nggunakake basa ngoko kabeh. Mula, ukara-ukara iku mau diarani ukara kang nggunakake basa ngoko (ngoko lugu). Ananging yen ditrepake ing unggah-ungguh, ukara-ukara mau kurang trep amarga ora ngugemi/manut karo cak-cakane utawa panganggone basa ing pasrawungan (kaya katrangan sing wis dijelaske ing ndhuwur). Mula, ukara-ukara mau prayogane digawe ngoko alus supaya tetep bisa ngurmati wong sing dijak guneman utawa wong sing digunemake.
Dene carane anggone nggawe supaya bisa dadi ukara kang nggunakake basa ngoko alus, kanthi adhedhasar titikane (ciri-ciri) basa ngoko alus ing ndhuwur. Kang digawe basa krama yaiku:
1. Tembung sesulih (KGO II lan KGO III), lan
2. Tembung kriya (kata kerja) tumrap O II lan O III
Ukara A  Kowe mau mara ndhene dhewe utawa sakulawarga?
Ana ing ukara iku, kang kudu diganti nganggo krama inggil, yaiku tembung kowe (tembung sesulih) lan mara (tembung kriya). Tembung kowe dadi panjenengan, dene tembung mara dadi tindak. Tembung liyane kuwi ora perlu digawe nganggo krama inggil.
Dadi, ukara A yen digawe nganggo ngoko alus  Panjenengan mau tindak ndhene dhewe utawa sakulawarga?
Ukara B  Aku diwenehi dhuwit dening Pakgedhe.
Ana ing ukara iku, kang kudu diganti krama inggil, yaiku tembung diwenehi (tembung kriya). Senajan ana tembung sesulih (aku  KGO I / wong sing guneman) ing ukara iku, ora perlu diganti nganggo krama (kula), amarga titikake basa ngoko alus iku sing digawe krama inggil amung tumrape wong sing dijak guneman (O II) lan wong sing digunemake (O III). Tembung diwenehi (diberi) diganti nganggo tembung diparingi. Ater-ater di- (diparingi) ora diganti dadi dipun- (dipunparingi) amarga ater-ater lan panambang ing basa ngoko alus iku tetep ngoko.
Dadi, ukara B yen digawe nganggo ngoko alus  Aku diparingi dhuwit dening Pakgedhe.
Ukara C  Dhik Joko, kowe saiki mulang ana ngendi?
Ana ing ukara C, kang kudu diganti krama inggil, yaiku kowe (tembung sesulih) lan mulang (tembung kriya). Tembung kowe dadi sliramu (amarga marang wong kang luwih enom), lan tembung mulang dadi ngasta.
Dadi, ukara C yen digawe nganggo ngoko alus  Dhik Joko, sliramu saiki ngasta ana ngendi?
Kanggo gladhen, coba ukara-ukara ing ngisor iki gawenen nganggo ngoko alus!
1. Simbah lagi adus nganggo banyu anget amarga lagi lara.
2. Mas, apa kowe ora sida lunga saiki?
3. Sus, kowe mau kok disengeni Pak Guru mergane apa?
4. Aku uwis ngombe jamu. Ibu durung sida ngombe jamu amarga durung mangan.
5. Bapak anggone tangi kepadhangen amarga mau bengi nonton wayang ing TV.

Sumber:
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters’ Uitgevers Maatschappij n.v.
Sulistyanto. 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Surakarta: Cendrawasih.
Winoto, Bekti. TT. Modul Siswa: Penunjang Pembelajaran Basa Jawa. Surakarta: PT Widya Duta Grafika.

6 thoughts on “UNGGAH UNGGUH BASA JAWA

  1. maaf ya, menurut saya infonya kurang jelas n lengkap.
    i’m sorry …
    _semoga tambah semangat untuk memperbaiki kekurangan_🙂

    • terima kasih banyak lho sarannya,,,
      iya memang yang ini dulu saya kirim masih agak “mentah”
      belum “mateng” tapi malah terlanjur kekirim, lum sempet ngedit…
      hihih
      ada post baru tentang ini juga kok yang baru…
      hehehe
      semoga lebih bagus..
      ditunggu komentar n saran masukannya..
      Terima kasih

    • Heee… Maap br bls.ahhahahha… Ngoko alus itu: kata2 dlm kalimat mnggunakan bahasa ngoko smua, KECUALI pd kata kerja/kepemilikan yg berlaku utk org ke 2 dan atau org ke 3 (yg hrs dihormati).

      Nah kalo krama alus, kata2 dlm kalimat menggunakan bhs krama smua,kecuali pd kata kerja/kpemilikan orang ke 2 dan atau ke 3 (yg hrs dihormati).

      Gitu.

      Heheheh…
      #maap kalo malah tambah gak mudheng.ahahah

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s