UUBJ _ Unggah Ungguh Basa Jawa

UUBJ

Unggah-Ungguh Basa Jawa

Unggah-ungguh basa Jawa yaiku pranataning basa manut lungguhing tatakrama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya anut lan runtut paugeraning paramasastra.

  • Cak-cakaning unggah-ungguh basa Jawa adhedhasar:
  1. Umur → sing enom ngurmati sing tuwa
  2. Peprenahan: paseduluran → adhi ngurmati kangmas /mbakyu; anak ngurmati bapa biyunge
  3. Drajat pangkat → murid ngurmati guru, pegawe ngurmati pangarsane
  4. Drajat semat → ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lsp.
  5. Trah → ngurmati merga tedhak turune wong luhur.
  6. Luhuring pribadi → sarjana, pahlawan, ulama, lsp.
  7. Tepungan anyar/durung kulina. biasane luwih diajeni.

Jinising Unggah Ungguh Basa Jawa

  • Miturut Ki Padmosoesastra:
  1. Basa ngoko, kang kaperang: dadi ngoko lugu lan ngoko andhap
  2. Basa krama; kaperang dadi 3: wredha krama, madya krama, madyantara
  3. Krama desa
  4. Krama inggil
  5. Basa kedhaton
  6. Basa kasar
  • Miturut Sudarto:
  1. Basa ngoko; kang kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus
  2. Basa krama; kang kaperang dadi krama lugu lan krama alus

Unggah-ungguh basa kang diperang dening Ki Padmosoesastra ing dhuwur wis ora disinau lan dianggo maneh ana jaman saiki, dene sing disinau lan dianggo ing urip padinan jaman saiki yaiku unggah-ungguh basa miturut Sudarto; basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus.

Sadurunge mangerteni kepriye wujude basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus, prayogane kudu mangerteni dhisik pratelan iki.

  1. Yen ngrembug bab basa ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus iku kalebu tataran (taraf pembahasannya) ukara (kalimat).
  2. Ukara iku dumadi saka rerangkening tetembungan kang rinakit dadi siji lan nduweni teges kang gumathok. (tembung = kata)
  3. Tataran tembung ana ing basa Jawa iku ana 3: ngoko, krama, lan krama inggil. tuladhane:
Ngoko Krama Krama Inggil
Tuku Tumbas Mundhut
Weneh Caos Paring
Lunga Kesah Tindak
Lara Sakit Gerah
  1. Ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) iku uga nduweni tataran ngoko, krama, lan krama inggil. Tuladha:
Ngoko Krama Krama Inggil
di- dipun-
kok- sampeyan- panjenengan-
dak- kula-
-ake -aken
-ne -nipun
-e -ipun
  1. Wong kasiji/kapisan (O¹) yaiku wong kang guneman/omong.

{contoh kata ganti orang pertama: aku, saya, kami, kula, inyong, I, watashi, ana}

Wong kaloro (O²) yaiku wong kang diajak guneman.

{contoh kata ganti orang kedua: kamu, engkau, kalian, kowe, panjenengan, you, anata, anta}

Wong katelu (O³) yaiku wong kang digunemake/diomongake.

{contoh kata ganti orang ketiga: dia, mereka, dheweke, they, Ani, Basuki, lsp (sebutan nama)}

♥ BASA NGOKO LUGU

NL = N . Kb.                         (Ngoko Kabeh)

Titikane:

  1. Tetembungane ngoko kabeh
  2. Ater-ater lan panambange ngoko

Tuladha:

  1. Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak menehi sangu.
  2. Mbak Novi ditukokake buku dening ibu, dene aku diwenehi dhuwit dening simbah.

Ukara 1 lan ukara 2 kasebut kabeh tetembungane nggunakake tembung ngoko kabeh, ora kecampuran tembung krama lan krama inggil. Mula ukara kasebut diarani ukara kang nggunakake basa ngoko lugu.

  • Basa ngoko lugu iku kanggo omong-omongan dening:
  1. Bocah marang padha bocah
    tuladha: Sus, aku duwe pitik kate.
  2. Wong tuwa marang wong enom
    tuladha: Dar, sing ngati-ati ya!
  3. Bapak ibu marang anake
    tuladha: Le, sing sregep nyambut gawe!
  4. Guru marang muride
    tuladha: Bocah-bocah, aja lali nggarap tugas!
  5. Bendara marang abdine
    tuladha: Mbok, aku tukokna gula nyang warung!
  6. Wong ngunandika (grenengan dhewe)
    tuladha: Umpama aku duwe dhuwit, aku bakal menyang Jakarta!

♥ BASA NGOKO ALUS

NA = N + KI (O²,O³)   [N= Ngoko ; KI = Krama Inggil; = wong kapindho;O³ = wong katelu]

Titikan:

  1. Tetembungane ngoko kecampuran Krama Inggil tumrape wong kapindho () lan utawa wong katelu ().
  2. Tembung kang digawe krama inggil yaiku tembung kriya (Kata Kerja) kang biasane nglungguhi wasesa (Predikat); lan bab kang mratelakake “kepemilikan”
  3. Ater-ater lan panambange ngoko
  4. Tembung kowe   → panjenengan (luwih tuwa)

sliramu (luwih enom)

Tembung dheweke → panjenengane

                         Ko– → panjenengan… (conto: koktuku → panjenengan pundhut)

Tuladha (1)

NL           : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak menehi sangu.

Ana ing ukara kasebut, ana wong kapisan (O¹) yaiku Aku, lan wong katelu (O³) yaiku Bapak. Mula, menawa ukara kasebut arep didadekake basa Ngoko Alus (NA), sing kudu digawe Krama Inggil (KI) yaiku:

  • tembung kriya kang nelakake aktivitas wong katelu (O³) yaiku menehi. Basa krama inggile menehi yaiku maringi. (ditonton maneh ana conto tataran tembung ing dhuwur)

Dene aktivitas wong kapisan (O¹) ora perlu ana sing diganti KI. [Ana ing rumus: NA= N + KI (O²,O³) ]

Mula, ukara kasebut diowahi dadi:

NA          : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak maringi sangu.

Tuladha (2)

NL           : Mbak Novi ditukokake buku dening ibu, dene aku diwenehi dhuwit dening simbah.

Ana ing ukara kasebut, ana wong kapisan yaiku Aku, lan wong katelu (O³) yaiku Ibu, Mbak Novi, lan Simbah. Mula, menawa ukara kasebut arep didadekake basa Ngoko Alus (NA), sing kudu digawe Krama Inggil (KI) yaiku:

  • tembung kriya kang nelakake aktivitas wong katelu yaiku ditukokake lan diwenehi. Basa krama inggile ditukokake → dipundhutake; dene diwenehi → diparingi. (ditonton maneh ana conto tataran tembung ing dhuwur). Ater-ater (di- ) lan panambang (-ake) tetep ngoko.

Dene aktivitas wong kapisan ora perlu ana sing diganti KI. [Ana ing rumus: NA= N + KI (O²,O³) ]

Mula, ukara kasebut diowahi dadi:

NA          : Mbak Novi dipundhutake buku dening ibu, dene aku diparingi dhuwit dening simbah.

 

Panganggone:

  • Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni.
    Tuladha: Nak Eko, sliramu kondur saka kantor jam pira?

BASA KRAMA LUGU

     KL = K . Kb                                           [K= Krama ; Kb= Kabeh]

Titikane:

  1. Tetembungane krama kabeh
  2. Kowe → sampeyan
  3. Dheweke → panjenenganipun
  4. Ater-ater lan panambange krama

                di- → dipun-

              -ake → -aken,                  lsp

Tuladha (1)

NL           : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak menehi sangu.

NA          : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak maringi sangu.

Menawa ukara kasebut diowahi dadi basa Krama Lugu (KL), mula kabeh tetembungan ing ukara iku kudu diganti dadi basa krama. (ora ana sing ngoko, ora ana sing krama inggil).

Mula, ukara kasebut dadi:

KL           : Kula kesah dhateng sekolah sasampunipun Bapak nyaosi sangu.

Tuladha (2)

NL           : Mbak Novi ditukokake buku dening ibu, dene aku diwenehi dhuwit dening simbah.

NA          : Mbak Novi dipundhutake buku dening ibu, dene aku diparingi dhuwit dening simbah.

Menawa ukara kasebut diowahi dadi basa Krama Lugu (KL), mula kabeh tetembungan ing ukara iku kudu diganti dadi basa krama. (ora ana sing ngoko, ora ana sing krama inggil). Ater-ater lan panambange krama.

Mula, ukara kasebut diowahi dadi:

KL           : Mbak Novi dipuntumbasaken buku dening ibu, dene kula dipuncaosi arta dening simbah.

  • Panganggone:
  1. Kanca marang kanca kang durung kulina
  2. Wong tuwa marang wong enom kanggo ngajeni

                Tuladha: Menapa Retna sampun mangertos griyanipun Pak Sastra?

BASA KRAMA ALUS

    KA = K + K I (O²,O³)                   [K= Krama ; KI= Krama Inggil, O² = wong kaloro, O³ = wong katelu]

Titikan:

  1. Tetembungane krama kecampuran krama inggil tumrape wong kaloro (O2) lan utawa wong katelu (O3).
  2. Tetembungan kang digawe krama inggil yaiku tembung kriya, tembung “kepemilikan” (sing mratelakake darbe).
  3. Panambang lan ater-ater krama.
  4. Kowe → panjenengan

         Dheweke → panjenenganipun

Tuladha (1)

NL           : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak menehi sangu.

NA          : Aku lunga menyang sekolah sawise Bapak maringi sangu.

KL           : Kula kesah dhateng sekolah sasampunipun Bapak nyaosi sangu.

Ana ing ukara kasebut, ana wong kapisan yaiku Aku, lan wong katelu yaiku Bapak. Mula, menawa ukara kasebut arep didadekake basa Krama Alus (KA), sing kudu digawe Krama Inggil (KI) yaiku:

  • tembung kriya kang nelakake aktivitas wong katelu yaiku menehi/nyaosi. Basa krama inggile menehi yaiku maringi. (ditonton maneh ana conto tataran tembung ing dhuwur)

Dene aktivitas wong kapisan ora perlu ana sing diganti KI. [Ana ing rumus: KA= K + KI (O²,O³) ]

Mula, ukara kasebut diowahi dadi:

KA          : Kula kesah dhateng sekolah sasampunipun Bapak maringi sangu.

Tuladha (2)

NL           : Mbak Novi ditukokake buku dening ibu, dene aku diwenehi dhuwit dening simbah.

NA          : Mbak Novi dipundhutake buku dening ibu, dene aku diparingi dhuwit dening simbah.

KL           : Mbak Novi dipuntumbasaken buku dening ibu, dene kula dipuncaosi arta dening simbah.

Ana ing ukara kasebut, ana wong kapisan yaiku Aku, lan wong katelu yaiku Ibu, Mbak Novi, lan Simbah. Mula, menawa ukara kasebut arep didadekake basa Krama Alus (KA), sing kudu digawe Krama Inggil (KI) yaiku:

  • tembung kriya kang nelakake aktivitas wong katelu yaiku ditukokake lan diwenehi. Basa krama inggile ditukokake → dipunpundhutaken; dene diwenehi → (ditonton maneh ana conto tataran tembung ing dhuwur). Ater-ater (di- ) lan panambang (-ake) krama.

Dene aktivitas wong kapisan ora perlu ana sing diganti KI. [Ana ing rumus: KA= K + KI (O²,O³) ]

Mula, ukara kasebut diowahi dadi:

KA     : Mbak Novi dipunpundhutaken buku dening ibu, dene kula dipunparingi arta dening simbah.

  • Panganggone:
  1. Dienggo dening anak marang wong tuwane
  2. Dening murid marang gurune
  3. Dening wong enom marang wong tuwa
  4. Dening batur marang bendarane
  5. Dening wong kang lagi tetepungan anyar
  6. Dienggo dening andhahan marang pimpinane

Coba gatekake tuladha-tuladha kasebut banjur setitekna!

Basa

Ukara

Ngoko Lugu (NL) Aku lunga menyang sekolah sawise bapak menehi sangu.
Ngoko Alus (NA) Aku lunga menyang sekolah sawise bapak maringi sangu.
Krama Lugu (KL) Kula kesah dhateng sekolah sasampunipun bapak nyaosi sangu.
Krama Alus (KA) Kula kesah dhateng sekolah sasampunipun bapak maringi sangu.

Basa

Ukara

Ngoko Lugu (NL) Mbak Novi ditukokake buku dening ibu, dene aku diwenehi dhuwit dening simbah.
Ngoko Alus (NA) Mbak Novi dipundhutake buku dening ibu, dene aku diparingi dhuwit dening simbah.
Krama Lugu (KL) Mbak Novi dipuntumbasaken buku dening ibu, dene kula dipuncaosi arta dening simbah.
Krama Alus (KA) Mbak Novi dipunpundhutaken buku dening ibu, dene kula dipunparingi arta dening simbah.

               Cathetan:

  • Ana ing basa Ngoko Alus lan Krama Alus, Manawa O2 lan O3 nduweni kalungguhan luwih enom utawa luwih cendhek pangkate tinimbang O1, mula ora diganti Krama Inggil (KI), nanging tetep nggunakake ngoko utawa krama (gumantung nganggo basa Ngoko utawa Krama).
  • Tuladhane:

NL        : Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika Ibu mulih saka pasar.

NA       : Aku lagi mangan, dene adhik turu nalika Ibu kondur saka pasar.

KL        : Kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika Ibu wangsul saking peken.

KA       : Kula nembe nedha, dene adhik tilem nalika Ibu kondur saking peken.

 

 

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon ana ing gladhen!

Ngoko Krama Krama Inggil
Tuku ………………………. ……………………….
Kandha ………………………. ……………………….
Teka ………………………. ……………………….
Lunga ………………………. ……………………….
Ngombe ………………………. ……………………….
Lara ………………………. ……………………….
Tangi ………………………. ……………………….

 

  • Gladhen

                Owahana ukara-ukara ing ngisor iki dadi NA, KL, lan KA!!! ^_^

  1. Apa kowe sida tuku buku ana Salatiga?
  2. Aku durung dikandhani Paiman menawa sesuk Pak Ali uwis mulih saka New York.
  3. Dheweke wingi lunga menyang Yogyakarta.
  4. Simbah kudu ngombe obat amarga lagi lara.
  5. Nalika Pak Broto teka, simbah durung tangi amarga isih lara.

DRAMA/SANDIWARA_tambahan

Drama/Sandiwara

  • Drama, asale saka tela eh basa Yunani draomai kang tegese tumindak.
  • Drama yaiku tiruane kauripan manungsa kang ditampilake ana ing dhuwur pentas.
  • Drama uga diarani sandiwara; kang saka tembung sandi “ndhelik” lan warah “ajaran”
  • Sandiwara yaiku ajaran kang didhelikake ana ing tumindak lan pacelathon.

Sandiwara miturut jamane

  1. Sandiwara Lawas, yaiku sandiwara kang umume nyritakake babagan kasekten, urip ing kraton, uripe dewa-dewi, kadadean kang ana ing jaba nalar, lan liya-liyane.
  2. Sandiwara anyar, yaiku sandiwara kang duweni tujuan menehi pendhidhikan marang masyarakat kang umume nduweni tema urip padinan.

Sandiwara miturut isine

  1. Komedi  yaiku sandiwara kang lucu-lucu lan menehi hiburan supaya kang nonton padha seneng
  2. Tragedi yaiku sandiwara kang isi critane nggambarake wong kang nandhang susah
  3. Tragedi-komedi yaiku isi critana ana crita kang nggambarake wong susah lan ana sing bisa gawe guyu
  4. Opera yaiku isine ngandhut swara musik lan tembang
  5. Operet yaiku saemper sandiwara opera nanging luwih cekak dalan critane.
  1. Pantomim yaiku sandiwara kang nuduhake obahe awak tanpa ngomong
  2. Tablau yaiku sandiwara kang saemper sandiwara pantomim nanging uga dibarengi dening obahe badan lan ekspresine para paragane
  3. Passie yaiku sandiwara kang ngandhut unsur agama

Unsur Intrinsik Drama

  1. Tema yaiku gagasan pokok kang kakandhut sajroning naskah sandiwara.
  2. Tokoh yaiku pawongan kang dadi paraga ana ing sandiwara
  3. Pacelathon (antawacana) yaiku bisa nyengkuyung tumindak lakuning tokoh
  4. Alur yaiku urut-urutaning crita wiwit lekas nganti pungkas
  5. Latar yaiku katrangan babagan panggonan, wektu lan swasana kedadean prastawa ing naskah sandiwara
  6. Amanat yaiku pesen kang arep disampekake dening panulis marang wong kang nyekseni pagelaran sandiwara

NULIS NASKAH DRAMA

Supaya bisa nulis naskah drama kang becik, kudu nggatekake:

  1. Ngatonake anane perkara/masalah, utamane masalah wong urip
  2. Ngemot pitutur/pendhidhikan kang becik
  3. Ngandharake gagasan anyar, ora klise.
  4. Bisa nuwuhake lan ngrembakakake rasa kaendahaning seni
  5. Nggunakake basa kang bisa mancing rasa (endah, cuwa, nesu, lsp)
  6. Alur critane ora ruwet

TULADHA SESORAH KANGGO UJIAN PRAKTIK BASA JAWA

TULADHA SESORAH BAB BEBAYA NARKOBA

Assalammualaikum Wr Wb
Sugêng siyang,

Bapak saha Ibu guru ingkang kinurmatan
Para kanca pêmudha lan pêmudhi ïngkang kula trêsnani,
Nyuwun agunging pangaksama wondéné kula sampun kumawantun madêg matur wontên ing ngarsa panjênêngan sadaya, nun inggih awit saking adrênging manah anggèn kula badhé ndhèrèk urun rêmbag mênggah babagan narkoba. Ing kalodhangan wêkdal mênika kula badhé ngaturakên andharan ingkang magêpokan kaliyan prêkawis narkoba kanthi sêsirah: “Bêbayanipun Narkoba Tumrap Para Mudha”.
Minangka purwakaning andharan sumangga kula lan panjênêngan sadaya ngaturakên puja-puji panuwun dhumatêng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kula lan panjênêngan sadaya. Kanthi kanugrahan Gusti kalawau satêmah ing kalênggahan punika kula lan panjênêngan sadaya sagêd kêmpal manunggal wontên ing papan punika kanthi séhat botên wontên alangan satunggal mênapa.
Sampun kawuningan bilih Indonésia mênika nêgari ingkang nggadhahi SDM ingkang kathah, utaminipun inggih mênika para pêmudha-pêmudhi. Para pêmudha mênika ing têmbé minangka tiyang ingkang bakal nérasakén cita-cita nagari. Awit saking menika, nagari Indonesia dipun-ginakakén kanggé transaksi wontênipun Narkoba lan sapanunggalanipun. Sampun wontên atusan, kêpara malah yutan (jutaan) kasus narkoba ingkang kêcathêt déning BNN ingkang ndadosakên Indonesia mênika minangka Nagari ingkang ngonsumsi Narkoba paling kathah nomêr tiga sak pênjuru jagad mênika. Ingkang paling kathah inggih mênika katandhang déning para pemudha “broken home”.
Kénging mênapa babagan narkoba mênika sagêd ngrêmbaka?
Bab mênika inggih amargi, para mudha samênika mênawi sampun réna (rêmên) dhatêng samubarang ingkang nuwuhakên raos sêkéca lajêng awrat mênawi nilarakên. Kawiwitan saking pêpénginan kagêm nyobi, kasambêt faktor kanca ingkang asring migunakakên, satêmah ndadosakên para mudha langkung cêlak kaliyan narkoba. Prêlu dipunmangêrtosi déning sintên kémawon, mliginipun dhatêng para mudha minangka taruna pitayaning bangsa, bilih kanthi migunakakén narkoba ménika atégés nyélaki dhaténg kasangsaran saha kacilakan, kadosta sumbéring sésakit fisik saha méntal, satêmah nuwuhakên bêbaya pati.
Para rawuh ingkang tansah winantu suka basuki,
Lajêng kadospundi pambudidayanipun para mudha mbrastha bêbaya narkoba minangka punjêring kasangsaran saha kacilakan? Kaping pisan inggih mênika niyat ingkang saèstu têmên, badhé nêbihakên saking narkoba kanthi migunakakên wêkdal saha kasagêdan kanggé nindakakên bab-bab ingkang positif, tuladhanipun mlêbêt ing klub-klub olah raga, sêni, saha nêngênakên préstasi. Ingkang baku kêdah ngatos-atos ing pasrawungan. Kanca ingkang saé mênika kanca ingkang sagêd nuntun saha mbabar kawruh dhatêng kasaénan, sanès tiyang ingkang asring ngajab dhatêng tindak angkara satêmah namung badhé ngrisak saha nêbihakên ing pangangkah bêcik.
Ingkang kaping kalih, kanthi sêngkut gumrêgut têmbayatan kaliyan masyarakat, aparat, saha badan-badan LSM mbrastha bebaya ngrêmbakaning saha mêkaripun narkoba ingkang saèstu sagêd ngrisak moral saha pranatan nêgari. Botên sagêd dipun-gambarakên mênawi sadaya para mudha samênika kénging pangaribawaning narkoba. Sinten samangke ingkang badhe nglajengaken lampahing pamarintahan ing negari Indonesia mênika mênawi para mudha samya risak moralipun?
Ingkang pungkasan inggih mênika kanthi jêjêging iman, éling lan waspada adhêdhasar agama, sumangga sami gumrégah nêbihakên saha mbrastha narkoba ing pangajab para mudha saha nêgari Indonesia sagêd uwal saking bêbênduning angkara.
Kula kintên cêkap sêmantên ingkang dados atur kawula, mugi-mugi mênapa ingkang kula aturakên wau sagêda caos manfaat dhumatêng kula panjênêngan sêdaya. Têmtu kémawon kathah kalêpatan anggèn kula matur, saèstu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Nuwun,
Wassalammualaikum Wr Wb
Sugêng siyang.

Kapethik saking http://paguyubanslenk.blogspot.com/2009/07/tuladha-sesorah_15.html kanthi ewah-ewahan sawetawis.

TULADHA SESORAH
PANGARIBAWANING TEKNOLOGI INFORMASI TUMRAP PAGESANGAN BEBRAYAN AGUNG
Assalamualaikum Wr. Wb.
Sugeng enjang,
Bapa saha Ibu Guru ingkang tansah kinurmatan, para kanca siswa-siswi kelas XII … ingkang kula tresnani. Nyuwun pangapunten bilih kula sampun kumawantun ngadeg wonten ing ngriki, badhe atur sapala wonten papanggihan punika.
Saderengipun kula ngandaraken punapa ingkang dados ancasan wonten sesorah ing enjang punika, sumangga langkung rumiyin kita sami-sami sesarengan ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung amargi sampun paring rahmat saha anugrah dhumateng kula panjenengan sadaya satemah kita taksih saged kempal manunggal wonten ing pepanggihan punika kanthi saras boten wonten alangan punapa-punapa.
Para kadang siswa-siswi kelas XII …, sesorah ing enjang punika nggadhahi irah-irahan Dampak Teknologi Informasi (T.I.) Tumrap Panguripan Bebrayan Agung. Ingkang wiwitan, sampun kados kita mangertosi bilih TI punika mboten dados barang ingkang aneh malih wonten ing masyarakat, kangge tuladha pirantos ingkang wonten kadosta : HP, Komputer, Laptop, TV, Internet ugi pirantos sanesipun ingkang boten saged kula sebut baka setunggal sampun kathah kita panggihi wonten ing panguripan saben dinten. Sedaya pirantos kala wau wonten ing panguripan babrayan agung anggadhahi paedah ingkang kathah lan mawarni-warni wujudipun, sanadyan Wonten ing kasunyatan, paedah pirantos T.I. kala wau saged tumpang suh antawis ingkang piguna kalian ingkang mboten migunani, kahanan punika handadosaken kita mangro, nanging manawi kula kepareng matur sadaya kala wau gumantung wonten ing pribadi priyantun piyambak-piyambak, kenging menapa makaten sumangga dipunsimak tuladha punika.
Pirantos komputer utawi Laptop ingkang padatan kita ginakaken kangge pados pawarta tuwin artikel kagem panggulawenthah piwulang ing kelas, lumantar sambungan internet kadhang kala pangagemipun mboten pas kalian kabetahan. Ingkang kedah lan baku malah kadhang dipunlirwakaken, ananging ingkang ngremenaken panggalih malah dipunutamakaken, Undhuhan ingkang estunipun momot pawartos dipunliwati nanging undhuhan ingkang momot babagan maksiat, pornografi tuwin kesenengan sanes dipunpenthelengi ngantos asring kebablasen kesupen ing wekdal, kesupen mboten nindakaken pasinaon, kesupen mboten reresik awak, kesupen wangsul griya lan sanesipun.
Lajeng kadi pundi pamanggih kita supados diri pribadi punika mboten sasar susur babagan kagunan pirantos T.I. wonten ing bebrayan agung. Ingkang sepisanan, manawi kita badhe migunakaken pirantos T.I. ingkang magepokan kalian Internet langkung rumiyin dipunpasang piranti lunak (filter) lan piranti pengawasan kulawarga (parental) kangge nyuda pepinginan awon kala wau. Wonten ing sesorah punika kula ngemutaken sepisan malih bilih pirantos T.I. punika saged dados pirantos ingkang gadhah paedah gumantung kita piyambak, kepara malah ugi saged damel kita piyambak rugi menawi boten saged nyikapi kanthi prayogi. Pramila saking menika, sumangga kita ngginakaken piranti T.I. menika kanthi sae, tumemen, lan jumbuh kaliyan kabetahan satemah saged pikantuk paedah ingkang sae.
Para lenggah sadaya ingkang minulya,
Ing wasana, cekap semanten ingkang dados atur kawula wonten ing kalodhangan punika. Kula aturaken matur nuwun awit kawigatosanipun panjenengan sadaya. Hambokbilih kathah atur kula ingkang boten nuju prana dhateng penggalih panjenengan sadaya, estu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Sugeng enjang.

Tuladha sesorah kanthi tema kurikulum basa Jawa/pendidikan Basa Jawa :
* bisa digawe dhewe gumantung ide utawa pendapatmu dhewe-dhewe. Umpamane:
1) ngapa pendhidhikan basa Jawa iku perlu diajarake marang para mudha, mligine ing pawiyatan (SD,SMP,SMA)
2) kepriye yen pendhidhikan basa Jawa iku diilangi saka kurikulum
3) apa pentinge para mudha nyinau basa Jawa
4) apa saranmu minangka siswa utawa anak tumrap pendidikan basa Jawa ing tembe (harapanmu terhadap bahasa Jawa di masa datang)
5) (bisa uga njupuk ide/panemu kaya sing ana ing LKS sing mungkin lali durung dibayar kuwi) he -_-“
6) lsp

• Nganggo basa Jawa sing krama sing prasaja.
• Kang baku yaiku ana pambuka, isi, lan panutup.
• Suwene sesorah 5 menit.
• Sing gawe dhewe teks pidhatone, entuk tambahan biji.
• Pokonya, buat para penguji terkesan dengan penampilanmu… ^_^

Sugeng gladhen… ^_^

Geguritan

  1. Tegese geguritan
  • Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.
  • Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair. 
  • Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
  • Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.

Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu.

2. Titikane geguritan

Titikane geguritan yaiku:

  • Ora kawengku ing pathokan
  • Dudu basa padinan
  • Migunakake tembung-tembung kang pinilih
  • Cacahe larikan ora katemtokake
  • Isine mentes
  • Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket
  1. 3.      Jinise geguritan
    1. 1.       Geguritan Kuna

Geguritan kuna nduweni pathokan/paugeran:

  1. Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
  2. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe
  3. Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut
  4. Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”

Conto geguritan Kuna:

Sun nggegurit:

Kahanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndandi

Raket wewekaning sepi

Tan kadi jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

  1. 2.       Geguritan Anyar

Guritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan.

  1. 3.       Geguritan mawa dhapukan tartamtu

Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku warna-warna, kayata:

  1. Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra (distikon)
  2. Telung gatra sapada, diarani gita trigatra (terzina)
  3. Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra (kuatrain)
  4. Limang gatra sapada, diarani pancagatra (kuin)
  5. Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra (sekstet)
  6. Pitung gatra sapada, diarani saptagatra (saptima)
  7. Wolung gatra sapada, diarani gita hastagatra (oktavo)
  8. Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra
  9. Dhapur soneta
  10. Tanpa tinamtu diarani gita mardika (puisi bebas)
  1. D.      Maca Geguritan

Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa:

  1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan,
  2.  Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan,
  3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.

Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku:

  1. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti
  2. Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake
  3. Njingglengi ten ana pasemin utawa pralambang sing dienggo
  4. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange
  5. Ngupakara (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaran

Kanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan diugemi,yaiku:

  1. Wirama (irama/lagu)

Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas.

  1. Wirasa (rasaning swasana ati)

Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane.

  1. Wiraga (obahing awak)

Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget.

  1. Wicara (pocapan)

Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.

  1. E.       Nulis/nggawe geguritan

Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas.

  • § Carane nulis geguritan yaiku:
  1.  Nemtokake tema,
  2.  Milih tetembungan kang mentes
  3.  Endah lan cekak,
  4. Menehi irah-iarahan kang junbuh karo isine geguritan

RAMAYANA

Kacarita ana ing negara Ayodya, (dudu Ayodyakarta Hadiningrat Hloooowwww…! ^_^), dipimpin dening Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku kagungan garwa (garwa –> sigaraning nyawa = belahan jiwa) cacahe 3, yaiku Dewi Sukasalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Saka 3 garwa iku, Prabu Dasarata kagungan putra papat. Saka Dewi Sukasalya, kagungan putra asmane Rama, saka Dewi Kekayi kagungan putra asmane Barata, lan saka Dewi Sumitra kagungan putra asmane Leksmana lan Satrugna.

Sawise kabeh dewasa, Rama, Barata, Leksmana, lan Satrugna dadi wong kang gagah prakosa lan trampil anggone perang apa meneh anggone nggunakake panah. Ketrampilan iku mau sing maringi piwulang yaiku gurune, sing asmane Begawan Wismamitra. (ingat, bukan Begawan Solo lho yaaa! -_-“). Nah,,,lanjooouuuttt….!
Bagawan Wismamitra, paring dhawuh karo Rama, supaya melu sayembara ana ing negara Manthili. (Rama gelem nampa dhawuhe gurune. Lha ngapa???? Mergane, Rama iku murid sing apik, setya lan tuhu/manut marang gurune. Murid sing apik gitu loohhhh!!!). Sayembara iku isine: Sing sapa wonge bisa ngalahake prajurit-prajurit ana ing Manthili, bakal oleh bebana alias hadiah, yaiku putri kang ayu, sulistya ing warni sing asmane Dewi Sinta. (dudu Bu Ang lohh… ^,^v).
Rama bisa menang ana ing sayembara kasebut banjur oleh hadiah, yaiku ngepek bojo Dewi Sinta. Sawise nglamar Dewi Sinta (cara anggone nglamar kaya sing wis tau disinau ana ing SMA kae.. ^_^), Rama banjur ngejak mulih Sinta menyang Ayodya. Ana ing satengahing wana/alas, kekarone diadhang dening raseksa sing jenenge Ramabargawa. Ramabargawa nantang Rama, yen bisa menthangake (ngelar) gandhewane (panahe) Ramabargawa, mula oleh liwat lan nerusake lakune menyang Ayodya. Ananging yen Rama ora bisa menthangake gandhewa, Rama bakal dipateni lan Dewi Sinta bakal dijaluk. (Sinta panik beud, wedi yen Rama ora bisa menthangake gandhewa). Nanging Rama kanthi gagah nampa gandhewa banjur dipenthangake kanthi gampang lan diarahake Ramabargawa. Ramabargawa bajur isin, lan lunga mabur menyang Kahyangan. (sadurunge, pesen tiket Kahyangan Airlines dhisik, trus take off dehhh..🙂
Rama lan Sinta banjur nerusake mulih menyang Ayodya. Sawise tekan Ayodya, disambut bungah karo wong tuwane. Bapake Rama, yaiku Prabu Dasarata, banjur paring dhawuh marang Rama. Prabu Dasarata dhawuh marang Rama supaya dadi ratu ana ing Ayodya nggenteni bapake. (Rama gelem nampa dhawuhe wong tuwane. Lha ngapa hayooo??? He ‘emh! Mergane, Rama iku anak sing apik, tuhu, bekti marang wong tuwane. Anak sing top markotop gitu loohhh..!!). Nah, nalika Prabu Dasarata ngendika kaya mengkono marang Rama, garwane Prabu Dasarata yaiku Dewi Kekayi mireng. Dewi Kekayi banjur matur marang garwane;
“Papah…” (cieeehh??)
“Iya, Mah..” (halah)
“ Panjenengan rumiyin nate janji dhateng kula, menapa kemutan, Kangmas?” pitakone Dewi Kekayi marang garwane.
“Janji apa dhik Kekayi?” wangsulane Prabu Dasarata.
“Rumiyin panjenengan janji dhateng kula, menawi kula saged gadhah anak jaler saking panjenengan, mila putra kakung panjenengan menika ingkang badhe nggentosi panjenengan mimpin Ayodya menika. Ananging, kenging menapa kala wau panjenengan dhawuh dhateng Rama, supados nggantos panjenengan?”
“Apa iya?” pitakone Prabu Dasarata sambi ngeling-eling janjine.
“Inggih, Kangmas. Menapa boten kemutan?”
“Owalah… iya Dhiajeng, aku kelingan!!! Mbiyen aku nate janji marang sliramu. Wadhuh, banjur kepriye iki. Aku wis kebacut omong karo Rama.” Prabu Dasarata emeng/bingung, amarga dheweke wis dhawuh marang Rama, ning ya kelingan marang janjine.
Ing wasana, kanthi wicaksana, Prabu Dasarata ngendika marang Rama.
“Rama, awakmu wis ngerti manawa Sabda Pandhita Ratu Tan Kena Wola-Wali. Apa wae kang dadi sabdane utawa omongan/ucapane ratu/pemimpin ora kena diblenjani/dilanggar. Isining ati mung tresna karo awakmu, nanging amarga janjiku marang ibumu, Dewi Kekayi iku mau ngger, mula dakjaluk sasuwene 12 taun awakmu sakloron padha nglembara (mengembara) ing alas Dandaka, kanthi dikancani adhimu, Leksmana.” Mangkono kersane Prabu Dasarata marang Rama.
“Inggih, Bapak, kula sendika dhawuh…” wangsulane Rama nampa dhawuh saka bapakne kanthi lilaning manah.
Sapengkere ditinggal Rama, Sinta, lan Leksmana, Prabu Dasarata gerah nganti tekane seda. Sasedane Prabu Dasarata, negara Ayodya ora ana ratune. Kudune Barata kang mimpin Ayodya, kaya apa kang dijanjekake Prabu Dasarata. Ananging Barata ora gelem amarga ngrumangsani yen kang trep jumeneng nata utawa mimpin ing Ayodya yaiku kakangne, Rama sing saiki ana wana Dandaka. Mula, Barata banjur nusul menyang Dandaka, nyuwun supaya Rama kondur ana Ayodya amarga rakyat wis ngantu-antu/ngarep-arep supaya Rama mimpin Ayodya.
Rama ora langsung kondur menyang Ayodya kaya panjaluke Barata. Rama gelem kondur menyang Ayodya yen wis rampung anggone nglembara ing alas kanggo netepi janji lan dhawuhe bapakne, yaiku nglembara suwene 12 taun. Rama percaya yen rakyat Ayodya iku setya tuhu marang dheweke, mula Rama banjur paring trumpah (sandhal selop) supaya diselehake ana ing kraton minangka simbol, gantine Rama dadi ratu ing Ayodya. Barata banjur bali ana Ayodya kathi nggawa trumpah lan bakal ngumumake marang rakyat Ayodya.

Cerita selanjutnya:
Setting = di hutan Dandaka

Ing sawijining dina, Dewi Sinta lagi lungguh, sante2… Dumadakan weruh kidang emas (dudu kidang Inova) nyedhaki dheweke. Sinta banjur kepranan ing ati alias tersepona, lan kepengin nduweni kidang kasebut. Sinta banjur nyuwun marang garwane, Rama supaya nyekel kidang kasebut kanggo dheweke. Singkat kata singkat cerita, Rama banjur lunga nguyak kidang kasebut kanggo Sinta, nanging sadurunge dheweke pesen karo Leksmana, supaya njaga Sinta.
“Maaaan….. woyooo Maaaan…! Leksmana…. Mrenea!” (hadah -_-“) Rama nyeluk adhine.
“Dalem Kangmas, wonten menapa?” wangsulane Leksmana.
“Ngene, aku meh lunga nyekel kidang emas kanggo bojoku. Tulung jaganen bojoku, aja nganti kena bebaya apa wae. Mergane aku lagi ora neng sisihe, mula aku njaluk supaya sliramu standby njaga Sinta. Tulung ya, Man. Aja nganti koktinggal-tinggal lho.” Panjaluke Rama marang Leksmana.
“Oh inggih kakang, beres! Kula janji badhe njagi Dewi Sinta.” Jawabe Leksmana karo ngacungi jempol.
Rama lunga nggoleki kidang emas kang sejatine iku mung tipu muslihate Rahwana (Rajane Alengka) kang kepengin nyulik Sinta. Sinta ngenteni kondure garwane kanthi dikancani lan dijagani Leksmana.
Amarga wis sawetara wektu kok Rama durung kondur, mula Sinta njaluk supaya Leksmana nusul kakangne kang lagi nggoleki kidang emas mau. Nanging Leksmana ora gelem mergane dheweke uwis janji marang Rama ora bakal ninggal Sinta.
“Leks, mbok kana susulen kakangmu, kok durung kondur-kondur ta ya,,,!” panjaluke Sinta.
“Mbok dipuntengga kemawon ta, Mbakyu, mangke rak nggih kondur. Tenang saja, gitu.!”
“Ah ning aku ki kuwatir, gek-gek kakangmu ki kenapa-kenapa. Kana ta susulen!” Sinta merengek2. He
“Ampun menggalih mekaten, Mbakyu. Sabar mawon, mangke Kang Rama mesthi kondur ngasta kidang emas kangge Mbakyu.”
“Aa…. Tulung susulen Leks! Pokoke kana ndang digoleki!” rengekan Sinta semakin membahana. 0_0
“Nyuwun pangapunten Mbakyu, kula sampun janji dhateng Kang Rama supados njagi panjenengan lan mboten badhe nilar panjenengan piyambakan. Mu’up.”
“Tenang wae Leks, aku ora bakal kenapa-kenapa. Aku janji ora bakal neng ngendi2. Ning susulen kakangmu!”
Leksmana galau, akhire dheweke gelem nuruti panjaluke Sinta.
“Mmm… nggih… menawi makaten kersanipun Mbakyu, kula badhe bidhal madosi Kang Rama. Nanging Mbakyu, kula suwun panjenengan kersa nglampahi panyuwun kula.”
“Panjalukmu apa Leks? Bakal tak turuti. Tenin. Ciyuz..!”
“Kula badhe ndamel rajah (mantra) kangge ngupeng panjenengan supados saged njagi panjenengan saking bebaya menapa kemawon. Nanging panjenengan ampun ngantos medal saking bunderan rajah menika.” Leksmana nduduhake area kang wis diwenehi rajah. Ngubengi panggonane Dewi Sinta.
“Walah iya, beres Leks! Wis kana ndang budhal!”
“Saestu lho Mbakyu Sinta, ampun ngantos medal saking rajah menika ngantos kula lan kang Rama dumugi mriki malih.” Pesene Leksmana banjur budhal nusul Rama.
Rahwana kang gawe tipu muslihat supaya Rama lunga, wis kasil; lan Leksmana uga wis ora njagani Sinta. Mula Rahwana banjur ngleksanakake niyate nyulik Sinta. Nanging Rahwana isih durung isa, amarga ana rajah kang wis digawe Leksmana mau. Rahwana banjur nyamar dadi pengemis tuwa kang mesakake banget. Rahwana kang awujud pengemis mau nyedhaki Sinta supaya Sinta banjur bisa nulungi dheweke lan metu saka rajah.
Apa yang terjadi selanjutnya????
Sinta akhire metu saka rajah!!! (hhhahhh??? Appppaahhh???!!!) lan singkat kata singkat cerita,,,, pengemis iku mau malik dadi wujud asline, yaiku Rahwana lan wusanane nyulik Sinta.
“Hahahahah… Sinta… kowe tak culik!” clathune Rahwana.
Sinta njawab, “Yuk…!” (lhohhhhh???????) hehehe (guyon, gen ketok alay). Hehe
Rahwana nuli mabur kanthi nggawa Sinta. Ana ing angkasa, dheweke pethukan karo manuk Garudha kang arane Jatayu. Jatayu perang karo Rahwana kepengin nyelamatake Sinta, nanging Jatayu kalah. Mula Sinta banjur digawa ana Alengka dening Rahwana, diwenehake (disekap) ana Taman Argasoka/Asoka.
Sawise Rama lan Leksmana pirsa yen Sinta diculik, mesthi wae sedhih. Banjur dumadakan ana Anoman kang diutus supaya ngewangi Rama nggoleki Sinta ana Alengka. Rama banjur paring ali-ali marang Anoman supaya Sinta percaya lan kanggo bukti yen Anoman iku pancen utusane Rama.
Anoman budhal menyang Alengka. Ana ing taman Argasoka, Anoman ketemu karo Sinta, lan menehake bukti iku mau. Sadurunge bisa ngejak mulih Sinta, para prajurit Alengka ngonangi yen Anoman bakal nyelamatake Sinta. Anoman dipanah nganggo panah kang ana genine, nanging mesthi ora kena alias mleset. Malah ngobong taman lan kerajaan Alengka. Anoman banjur matur marang Rama, akhire Rama sawadyabalane banjur menyang Alengka. Akhire dumadi perang antarane Rama karo prajurit2 Alengka. Rahwana njaluk tulung marang adhine, Wibisono supaya diewangi perang. Nanging Wibisono ora gelem amarga ora seneng karo tumindake kakangne kang nyulik Dewi Sinta. Wibisono malah akhire mbela Rama amarga dheweke iku seneng mbela bebener.
Rahwana banjur njaluk tulung marang adhi sijine, yaiku Kumbakarna. Kumbakarna kang wektu iku lagi turu, digugah dening Rahwana.
“Heeehhhh Kumbakarna, tangia, ewangana aku perang mungsuh Rama!”
“mmmhh… wegah! Aku ora seneng karo tumindakmu iku Kang. Dadi yen saiki kedadeane kaya ngene, kuwi wis resikomu. Aku gemang ngewangi.” wangsulane Kumbakarna lan nerusake anggone turu.
“Hehhh!!!! Kumbakarna! Karepmu kepriye??? Negaramu iki wis meh ambruk. Wis meh ajur, kalah karo Rama. Kok kowe malah mung turu!” Rahwana nesu, lan ngece Kumbakarna.
Kumbakarna akhire gelem tangi, banjur clathu.
“Kang, aku gelem perang, ning ateges ora mbelani awakmu kang degsura iku Kang. Aku bakal medhun perang mungsuh Rama, amarga aku mbelani negaraku iki, Alengka!” wangsulane Kumbakarna, banjur maju perang mungsuh Rama sawadyabala.
Akhire, Kumbakarga uga gugur ana ing peperangan iku. Mula Rahwana maju perang, ing wasana Rahwana mati kena panah pusakane Rama.

… perang usai… hhhhh -_-“

Sawise Rahwana gugur, Sinta ngadhep Rama kekanthi dening Anoman. Ananging Rama ora gelem nampa Sinta meneh amerga dheweke ora percaya maneh yen Sinta isih suci lan setya marang dheweke sasuwene ana Alengka. Mula Rama njaluk bukti marang Sinta, kanggo mbuktekake kesuciane. Yen Sinta pancen isih suci (similikiti weleh2. He), mula dheweke menawa nyegur ing latu ora bakal kobong lan tetep wutuh. Nanging menawa dheweke wis ora suci maneh, mula dheweke bakal kobong. Mula Sinta banjur mbuktekake, lila legawa kanthi nyemplung ana ing latu (geni). Plung….!
(Jueng…..jreeeeeng…..! tadaaaaaaa….!)
Sinta bisa metu saka geni kasebut, ateges dheweke pancen isih suci, lan setya marang Rama. Akhire Rama percaya meneh lan gelem nampa garwane iku kanthi gumbiraning manah.
Hmmmh… hepi ending gitu…

Semanten cariyos bab Ramayana ingkang kula mbabar kanthi cara kula, nyuwun pangapunten menawi kathah kalepatan. Kula tambahi kanthi wontenipun basa2 ingkang ‘gaul’ utawi ‘alay’ supados langkung ndudut ati dhateng para pamaos. Matur nuwun.

PENTAS DRAMA

  • Pangertosan drama
  • Miturut etimologi, tembung drama saka basa Yunani, yaiku draomai sing duweni teges ‘tandang, tindak, lelakon’ (to do, to act).

    Miturut Panuti Sudjiman, drama yaiku karya sastra sing duweni ancas (tujuan) nggambarake panguripan sing ngatonake konflik lan emosi liwat tumindak (action) lan paguneman (dialog) lan dirancang kanggo pementasan ing panggung.

    1.   Maragakake drama
    2. Titikane drama, yaiku naskah sing awujud paguneman utawa dialog. Ing sajroning ndhapuk pacelathon pengarang kudu nggatekake paguneman para paraga ing saben dinane. Basa sing digunakake ing paguneman yaiku basa saben dinane, amarga para paraga mau makili utawa nyulihi (makili) panguripan saben dinane. Umpamane yen maragakake tokoh preman, omongane kudu kaya watake preman. Maragakake wong Banyumas, dialek Banyumase kudu krasa (cetha), lsp.

      Dialog ing sajroning drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan, paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese nduweni kaendahan basa. Supaya penonton bisa ngrasakake dialek utawa ritme omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen supaya paguneman bisa nduweni sipat estetis, yaiku kanthi olah vokal.

    3. Nonton lan nanggapi pementasan drama

    Manawa nonton ing sawijining pentas drama, film, utawa sinetron tumrap para siswa duweni ancas kanggo ngapresiasi lan evaluasi. Kagiyatan ngapresiasi yaiku kagiyatan ngrasakake, magerteni, lan ngajeni. Kagiyatan ngrasakake minangka kagiyatan sing wis kulina dilakoni, kowe mbukak pribadimu dhewe lan ngrasakake kaendahan seni sing koktonton. Ananging minangka siswa, kowe perlu nambah kanthi upaya mangerteni ngapa tontonan kuwi nyenengake utawa ora nyenengake. Kanthi mangkono manawa nyawang pementasan utawa tayangan film iku minangka sawijining produk proses karya seni. Asile proes ngrasakake lan mangerteni yaiku ngajeni, kerpiye wae sawijining karta pementasan amung bisa kacipta amarga srana makarya kanthi tenanan, lan talenta (bakat) seni para sing gawe.

    Kagiyatan evaluasi utawa mbiji, yaiku kagiyatan mbandhingake pementasan drama lan kriteria standar kwalitas sing diyakini bijine. Standar kwalitas kuwi digawe sarana ilmu lan pengalaman ing sajroning ngrasakake lan mangerteni sawijining pentas minangka sawijining proses lan produk.

    Unsur intrinsik drama

    Unsur intrinsik ing naskah drama (sandiwara) yaiku:

    1)      Tema

    Tema yaiku gagasan pokok/ide pokok kang dadi dhasar lakon ing crita drama. Tema bisa diandharake kanthi eksplisit (transparan utawa melok), uga bisa diandharake kanthi implisit (tersirat). Wujude tema warna-warna, bisa diandharake srana irah-irahan, gambaran latar, paraga, utawa dialog antaraning paraga.

    2)      Alur

    Alur yaiku urut-urutaning crita wiwit lekas nganti pungkasaning drama, mujudake sabab musababe kang mbangun crita. Alur iku kapernag dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur sorot balik (regresif/flash back).

    3)      Penokohan/paraga

    Paraga yaiku pawongan kan nindakake crita. Penokohan nggambarake watak saka para paragane. Paraga kang nduweni watak becik diarani paraga protagonis, dene paraga kang nduweni watak ala diarani paraga antagonis.

    4)      Latar (setting)

    Latar yaiku sakabehe katrangan, panuduh, panggonan sing ana sesambungane karo wektu, swasana lan panggonan ing sajroning crita. Latar kaperang dadi 3, yaiku:

    1. Latar panggonan/geografis

    Latar panggonan iku panggonan dumadining crita. Umpamane, desa, kutha, sekolahan, kamar, lsp.

  • Latar wektu/historis
  • Latar wektu iku nuduhake wektu dumadining crita. Umpamane; esuk, awan, sore, dina Minggu, tanggal utawa wulan/taun tartamtu. Ana uga latar wektu kang ora idsebutake kanthi cetha, kayata; sawijining dina, satengahing wengi, lsp.

  • Latar sosial lan pegawean para paraga
  • Latar sosial manut urutane yaiku:

    1)      Paraga kanthi latar sosial cendhek/asor

    2)      Paraga kanthi latar sosial sedheng (menengah)

    3)      Paraga kanthi latar sosial dhuwur/luhur

    5)Amanat

    Amanat yaiku weling saka pangripta kanggo pamaose. Weling kang dikarepake iku bisa awujud piwulang becik lan ala, ngenani sesambungane manungsa karo sapadhane, Gusti Allah, utawa karo dhiri pribadine.

     

     

    Titikane drama iku nduweni naskah rantaman lakone crita. Naskah kasebut uga diarani skenario. Dene ing ngisor iki bakal dirembug katrangan ngenani skenario.

    • Skenario yaiku rantaman lakon sandiwara, drama, film, apadene sinetron.
    • Skenario yaiku crita kang awujud rerangkening adhegan-adhegan, nanging ora kaya sandiwara kaya ing kasunyatan.
    • Skenario (screen play) yaiku garis gedhene crita kang awujud naskah, sanadyan arang-arang ngemot peprincen cara-cara utawa versi perekaman utawa shooting.

     

    Naskah utawa skenario iku kedadean saka babak-babak. Anggone ngedum babak-babak iku ora mung sakarepe penulis skenario, nanging adhedhasar alesan kang kuwat. Saben babak, ana perangan kang diarani adhegan. Adhegan iku perangan ing babak kang diwatesi dening owah-owahaning swasana, papan, gantining utawa tekaning paraga liya.

    Uga ana kang diarani pandom, yaiku peranganing naskah kang nerangake kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakuning para paraga lan liya-liyane. Biasane, perangna iki tinulis ing antarane tandha kurung.

    Isine naskah skenario yaiku:

    1. Pacelathon paraga
    2. Swasana setting sing dikarepake
    3. Gegambaran swasana
    4. Apa wae kang kudu ditindakake dening paraga

     

    Naskah drama minangka papan kanggo ndelehake ide (panemu) crita ng sajroning alur crita lan rantamane lakon. Wong nulis naskah drama ing sajroning proses karyane biasane nganggo pathokan saka tema crita. Tema kuwi digawe dadi sawijining crita sing kedadean saka prastawa-prastawa sing nduweni alur sing cetha, kanthi ukuran lan suwene (durasi) manut kabutuhan. Mula saka kuwi, nalika gawe naskah drama pathokane ana 3, yaiku:

    1. Wektu
    2. Panggonan
    3. Lakon
    4. Naskah sing dipilih sutradara biasane nduweni syarat-syarat, kayata:

      1. Naskah kudu nggambarake tema sing wutuh. Tema ing sajroning crita minangka ide filosofis saka lakon.
      2. Naskah kudu nduweni titik pandhang sing cetha karo nilai kontekstual sing ana ing masyarakat saiki.
      3. Naskah kudu nduweni greget sing tumuju dadi prastawa-prastawa sing urip saengga bisa ndadekake gregeting penonton supaya melu katut ing sajroning pementasan kuwi.
      4. Naskah uga nduweni gaya penampilan sing isine tantangan lan pola-pola adhegan sing cetha.

       

      Ing sajroning nulis naskah skenario, kudu nggatekake:

      1. Penonton sing kepriye sing diadhepi
      2. Penonton nduweni pepinginan pementasan sing kaya apa
      3. Misi apa sing diwenehake kanggo penonton
      4. Kaluwihan (daya tarik) apa ing sajroning naskah sing dipentasake
      5. Apa bisa yen naskah kuwi ditindakake dening para aktor ing sajroning teater.

        UKARA SAMBAWA

        UKARA SAMBAWA

        Sugeng pepanggihan malih kaliyan kula Anggraeni Pamungkasih wonten ing blog ingkang prasaja menika. Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken satunggaling bab wonten ing paramasastra basa Jawi, inggih menika bab ukara sambawa. (Sampun cetha nggih, lha wong irah-irahanipun mawon pun pertela mekaten kok…). Hehehehehe.

        Hmmmmh, nggih pun botensah basa-basi kemawon nggih, mangga dipunsemak materi bab Ukara Sambawa menika. Mugi-mugi saged migunani tumrap sinten kemawon. Matur nuwun.

        Ukara sambawa. Hmmmmh, mbokmenawa wis akeh banget kang pirsa bab ukara sambawa iki. Malah ukara iki wis kawentar lan kaloka dadi judul lagu manca nagara kang saiki lagi moncer-moncere padha dinyanyekake dening para penyanyi. Nah, lagu apa kira-kira…

        (mesthi padha lagi mikir yaaaaaaaaa???)

        Hehe
        kae lho, malah dadi judhul lagi sing dinyanyekake Adele… sing judhule Sambawa like you…
        (…*#&*&@*&#(@*&#(……!!!!!! Kae Someone kaleeeeeeeeeeeeeee!!!!! Dudu sambawa. Hiiiiiiiihhhhh).
        hehehe. Halah. Ya wis, yen iki tenanan, semaken materine iki. Yen ana soale, mangga takaturi mangsuli….  Mengko sing isa mangsuli, tak aturi bebungah awujud “ucapan selamat”. Hehe

        Cekidhottt,,,,,

        Ukara sambawa yaiku ukara kang wasesane nganggo panambang –a, -na, utawa –ana lan ora nduweni teges printah/pakon.

        Biasane ana ing ukara lumrah, panambang –a, -na, utawa –ana iku nduweni teges printah/pakon.

        Tuladhane:

        Tuku    + -a     = tukua            (ngongkon supaya tuku)

        Tulis     + -na    = tulisna           (ngongkon supaya nulisake)

        Sapu    + -ana  = saponana     (ngongkon supaya nyaponi)

        Ananging ana ing ukara sambawa, panambang –a, -na, utawa –ana ora nduweni teges printah kaya ing ukara lumrah/biasane.

        Ukara sambawa iku nduweni teges kaya ing ngisor iki:

        1. 1. Sanajan

        Tuladha:

        a. Udana kaya ngapa bapak tetep tindak pasar.

        Tembung udana saka tembung lingga udan + -a. Panambang –a ing tembung iku ora nduweni teges akon supaya udan, nanging nduweni teges sanajan. Dadi ukara lumrahe saka ukara sambawa iku:

        → Sanajan udan kaya ngapa bapak tetep tindak pasar

        b.  Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.

        → Sanajan bagus kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.

        1. 2.    Umpama

        Tuladha:

        1. Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.

        è Umpama sinau rada suwe aku mau entuk biji apik.

        1. Nggawaa payung aku ora bakal teles ngene iki.

        è Umpama nggawa payung aku ora bakal teles ngene iki.

        1. 3.    Pangarep-arep

        Tuladha:

        1. Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.

        è Sikilku muga-muga ndang mari, aku bisa bal-balan maneh.

        1. Bapak kondura, aku bisa matur bab iki.

        è Bapak muga-muga kondur, aku bisa matur bab iki.

        1. 4.    Mokal

        Mokal iku tegese ora mungkin.

        Tuladha:

        1. Narti maneh lulusa, Wahyuni sing pinter wae ora bisa.

        Narti maneh ora mungkin lulus, wahyuni sing pinter wae ora bisa.

        1. Kowe maneh diwenehana, aku sing paling cedhak wae ora mambu.

        è Kowe maneh ora mungkin diwenehi, aku sing cedhak wae ora mambu.

        Gladhen.

        Ukara-ukara sambawa ing ngisor iki nduweni teges apa, lan gawenen ukara lumrahe!

        1. Mangana akeh yen pikirane ora tentrem, ora bakal bisa lemu awake.
        2. Mengko sore udana ya, hawane ora panas.
        3. Tangia luwih mruput mau aku ora telat ngene iki.
        4. Nulisa yen ora tau diwaca ya ora ana gunane.
        5. Dheweke maneh ngertia, aku sing kanca cedhake wae ora dikandhani.
        6. Diterangna ping pitu, wong dhasare ora nggatekake ya tetep ora mudheng.Gawekna ukara sambawa kang nduweni teges:
          1. Sanajan
          2. Umpama
          3. Pangarep-arep
          4. Mokal
        Follow

        Get every new post delivered to your Inbox.